
Naliko sore udan deres
Ndredes nelesi klambi
Sira sing nyambut gawe ora sambat
Kringet sing wis sirna kilenan banyu
Ngilangke sumuk dadi adem
Ora ngurungke niat anggonmu mbudidaya
Bledeg ngantar-antar ngendhegke krenteg atimu
Niat ngiyup ora neruske gawe
Mandheg jegreg nang ngisor gubug
Udan temretes tutur tritisan
Mbok tamatke sawah sing rata karo banyu
Ayem atimu nandur pari liya wektu
Langit saya peteng
Sing mau padang biru dadi peteng bisu
Ora gowo jam ora ono srengenge
Nanging ora kleru anggonmu milih wektu
Ndang bali...
Amarga Pecokmu Sing Ilang Durung Ketemu