Wednesday, 31 October 2007

PENOLAKAN SYARIAT

Sadat salat pasa tan apti
Seje jakat kaji mring Mekah
Iku wus palson kabeh
Nora kena ginugu
Sadayeku durjaning bumi
Ngapusi liyan titah
Sinung swarga besok
Wong bodho anut aliya
Tur nyatane pada bae durung uning
Seje ingsun Lemahabang

Yeka ingkang den anggep Hyang Widi
Seh Lemahbang darmasuteng karsa
Sumarah ing Hyang dhawuhe
Tekad jabriyah kagulung
Kadariyah wimbaning lahir
Madhep mantep tur panggah
Kuwat ing pangangkah
Kukuh kasmala nirmala
Ngantepi urip prapteng layu yakin
Tan mangeran budi cipta
(Achmad Chodjim, Syekh Siti Jenar Makna Kematian, SERAMBI, 2002)