Ninguk nengen nesu
Ninguk ngiwo padu
Ngomong salah
Meneng yo tetep salah
Kabeh malah dadi serba salah
Ning anehe tetep aku sing krasa salah
Tetep aku sing krasa kudu nyuwun pangapura
Isane mung ngelus dada
Sabar njembarke ati
Bojoku cugetan yo wis ben
Sing penting tansah sabar
Yo ora selak, nek kadang sabar iku mlayu-mlayu
Ora kecandhak ono jeroning ati saknalika
Kudu dipikir dawa
Kadang yo nganggo emosi sethitihik
Lagi ae sabare bali nang panggonane
Bojoku cugetan
Yo wis ben
Sing penting rasa tresnane ora luntur
Tresnaku lan tresnane