Nggletak meneng wae
Tak obahke ora digape
Mripat kang merem
Tansah ngetokake ati sing tentrem
Ambles nang tengahing lebu
Nanging minthiku isih tetep lucu
Nang sak walike kuninge wulu
Minthiku ninggalake aku
Dadi siji karo siti
Mratandhakake sowan menyang gusti
Nyawa kang ora nganti sak sasi
Dosa durung tok lampahi
Minthiku mati…
Tanggal 2 Juni
Bareng ulang tahune wadon siji
Sing tak tresnani
Minthiku…
Mugo sowanmu marang Gusti
Linampah kanthi tegaring diri
Tan ora ana dadi pepalanging mergi
Awakmu ilang
Wulu-wulumu mabur kena angin
Kang semlibet wayah siang
Mandhek kanthi pesti ing ngisor wit ringin
Minthiku…
Dalanmu durung dowo
Mripatmu durung suwe weruh
Lan telihmu durung sido isi
Mbokmu ora kelangan, minthiku…
Bapakmu lali marang werna wulumu…
Sedulurmu ora ngerti sopo awakmu
Kowe dewe minthiku…
Uripmu pancen angel
Dalan kang resik durung mesti
Dadi dalan sing penak kanggomu
Minthiku…
Ora ana sing bisa tak lakoni
Ora ana sing bisa tak tulungi
Sapuramu minthiku…
1 comment:
Hepi b'day!!!
^_^
Post a Comment